Tampilkan postingan dengan label Basa Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Basa Jawa. Tampilkan semua postingan

Jumat, 29 Desember 2017

Jenenge Panggaweyan








Iki daftar penggawean wong:

1. Ajudan :  Pengawal pejabat / presiden
2. Algojo :  Tukang midana wong tumindhal ala
3. Apoteker :  Ahli ngracik obat ing apotek
4. Arsitek : Ahli ngrancang bangunan
5. Bajak :  Rampok/begal/durjana ing segara
6. Bakul :  Gaweyane dodolan barang sarana cilik-cilikan
7. Batur : Gaweyane ngrewangia pakaryan
8. Begal :  Rampok/begal/durjana ing tengah dalan
9. Blandhong :  Tukang nebang kayu
10. Blantik :  Bakul rajakaya/kewan
11. Buruh :  Nyambut gawe golek upah
12. Cantrik :  Abdi ngiras muride pandhita
13. Carik :  Wakil lurah/juru tulis ing kalurahan
14. Dhalang :  Tukang nglakokne/nyritakne wayang
15. Dhokter :  Gaweyane nambani wong loro
16. Emban :  Tukang momong ning kraton
17. Empu :  Tukang gawe gaman (keris, tombak, slp)
18. Gamel : Tukang ngopeni kawan
19. Gandhek :  Tukang nglantarake dhawuh ratu/utusane ratu
20. Gemblak :  Tukang gawr barang saka kuningan
21. Gerji :  Gaweane jahit klambi
22. Germa :  Tukang mbeburu/mbebedhak kewan ning alas
23. Guru :  Gaweyane mulang muruk marang muride
24. Jagal :  Gaweane mbeleh rajakaya
25. Jlagara :  Tukang gawe barang/natah watu
26. Juragan :  Saudagar, sing nguwasani pakryan
27. Juru basa :  Ahli medharake basa liya/manca
28. Juru dang :  Tukang adang
29. Juru kunci :  Tukang njaga/ngrawat pasarean
30. Juru nujum :  Tukang ngramal
31. Juru mudhi :  Tukang nglakokake kapal
32. Juru tambang :  Tukang nglakokme prau (cilik)
33. Juru silem :  Tukang silem ing segara
34. Juru sungging :  Tukang nggambar/nglukis
35. Juru terbang :  Tukang nglakokne motor mabur
36. Juru tulis :  Tukang nulis/tukang ketik ing kantor
37. Kemasan :  Tukang gawe barang saka emas utawa inten.
38. Koki :  Tukang masak/olah-olah ing restoran
39. Kondhektur :  Tukang narik/mriksa karcis bis utawa sepur
40. Kundhi :  Tukang gawe barang saka emas utawa inten
41. Kusir :  Tukang nglakokake dhokar/kreta
42. Kyai :  Ahli babagan agama Islam; sebutane pusaka
43. Madhaharan :  Tukang olah-olah
44. Makelar :  Tukang nglantarake dol tinuku
45. Malang :  Wong sing dadi polisi desa
46. Mandhor :  Wong sing dadi pangarepane kuli
47. Masinis :  Tukang nglakokne sepur
48. Merbot :  Wong sing dadi punggawane masjid
49. Molang :  Penggaweyane bakul rajakaya
50. Montir :  Tukang ndandani mobil
51. Mranggi :  Tukang gawe wrangka gaman
52. Niyaga/wiyaga :  Tukang nabuh gamelan
53. Pakathik :  Tukang nuntun jaran
54. Palarang-larang :  Para nyai cilik (isih enom)
55. Palayangan  Tukang ngeterke layang (surat)
56. Pandhe :  Tukang gawe barang soko wesi
57. Panegar :  Tukang nunggang/ngajari jaran
58. Panjak :  Tukang ngladeni pandhe; niyaga
59. Pangobeng :  Wong sing buruh mbatik (ngobeng)
60. Para :  Bakul mas inten
61. Parekan :  Para nyai ing kraton (sing ketengen)
62. Pasindhen :  Wong kang nembang bareng gamelan (nyindheni)
63. Pawongan :  Wong sing dadi batur (wadon)
64. Pecalang :  Prajurit sing ngulatake lakune mungsuh
65. Prajurit :  Panggaweyane bela negara
66. Prugari :  Pegaweyane ngladeni ing motor mabur, sepur
67. Pramuwisma :  Tukang ngrewangi penggaweyane ngarang
68. Pujangga :  Ahli sastra, penggaweyane ngarang
69. Sarawadi :  Tukang adol utawa nggosok inten barleyan
70. Sayang :  Tukang gawr barang saka tembaga
71. Sekater :  Juru taksir rega ing gedheyan
72. Sinoman :  Nom-noman sing gaweyane laden
73. Srati :  Gaweyane ngrumat/ngopeni gajah
74. Saudagar :  Wong dagang (gedhe)
75. Sopir :  Tukang nglakokake montor
76. Tandhak :  Gaweyane njoget (ditanggap)
77. Tuwa buru :  Wong sing dadi abdine germa
78. Undhagi :  Tukang gawe berkakas saka kayu
79. Waranggana :  Tukang nyinden ing pahelaran wayang.

Tembung Tumrap Gamelan

1. Bawa :  tembung kanggo mbukani gendhing
2. Buka :  wiwitane nembang
3. Buka celuk :  bukaning gendhing mung njupuk saperangane tembang.
4. Cakepan :  unen-unen utawa tetembungan ing dienggo ing tembang.
5. Cengkok :  eluk-eluking swara ing lelagon tembang.

Jenenge Wong

1. Jaka :  Bocah lanang sing wis dewasa (durung rabi)
2. Jaka Jebug :  Jaka sing wis tuwa durung rabi
3. Dhudha :  Wong lanang sing wis ora duwe bojo
4. Dhudha kembang :  Dhudha sing isih enom urung duwe anak
5. Dhudha Kawuk :  Dhudha sing wis tuwa

Urut-Urutane Turunan

URUTAN MUDHUN
Bapak/Ibu -> Anak -> Putu -> Buyut -> Canggah -> Wareng -> Udheg-Udheg -> Gantung Siwur -> Grepak Senthe

URUTAN MUNGGAH
Grepak Senthe -> Gantung Siwur -> Udheg-Udheg -> Wareng -> Canggah -> Buyut -> Putu -> Anak -> Bapak/Ibu

Gamelan

1. Miturut wujude gamelan ana 2:
- Gamelan Gedhe
- Gamelan Barut

2. Miturut swarane gamelan ana 2:
- Gamelan Pelog
- Gamelan Slendro

Tembang-Tembang Jawa

     PUCUNG
1.
Bapak Pucung -
cangkeme madhep mandhuwur
sabamu ing sendhang
pencoanmu lambung kereng
prapteng wisma -
si pucung mutah guwaya
             (Klenthing).

2.
Bapak Pucung -
amung sirah lawan gembung
padha dikunjara
mati sajroning ngaurip
mijil baka -
si pucung dadi dahana
            (penthol korek)

3.
Bapak Pucung -
renteng-renteng koyo kalung
dawa kaya ula
pencokanmu wesi miring
sing disaba-
si pucung mung turut kutha
            (sepur)

     KINANTHI
Anoman malumpat sampun
Prapteng witing nagasari
Mulat mangandhap katingal
Wanodya yu kuru aking
Gelung rusak wor lan kisma
Kang iga-iga kaeksi

     SINOM
Sun iki dhutaning nata
prabu kenya Majapahit
kekasih Damar Sasangka
atma mantune ki patih
magang anyar awak mami
lahta bisma praptaningsun
ingutus Sang Narpendah
kinen mocok murdantaji
marmaningsun ingutus
ywa mindho karya

     DHANDANG GULA
Wardhaning kang sasmitha jinawi
Wruhing kukum iku watekira
adoh marang kanisthane
pamicara punika
weh reseping sagung miyarsi
tata krama punika
ngedhohaken panyendhu
kagunan iku kinarya
ngupa boga, dene kelakuane becik
weh rahayuning angga

     PANGKUR
Mingkar-mingukuring angkara
akarana karenan mardi siwi
sinawung resmining kidung
sinuba sinukarta
mrih kertarta pakartining ngelmu luhung
kang tumrap nemg tanah Jawa
agama ageming aji

(Wedhatama, KGPAA Mangkunagara IV)

Tentang Tembang Jawa

Tembang Jawa ana telung warna:
1. Tembang macapat, Tembang Tengahan, Tembang Gedhe.
       1. Tembang Macapat ana 11 pupuh
1. Asmarandana
2. Dhandang Gula
3. Durma
4. Gambuh
5. Kinanthi
6. Maskumambang
7. Megatruh
8. Mijil
9. Pangkur
10. Pucung
11. Sinom
        2. Tembang Tengahan:
1. Balabak
2. Girisa
3. Jurudemung
4. Wirangrong
       3. Tembang Gedhe:
1. Citramengeng
2. Kusumastuti
3. Mintajiwa
4. Pamularsih
Ing tembang jawa saben sak baris diarani sak gatra.
Dhandang gula   ana   : 10  gatra (baris)
Gambuh   ana   : 5  gatra (baris)
Kinanthi   ana   : 6 gatra (baris)
Megatruh   ana   : 5 gatra (baris)
Pangkur   ana   : 7   gatra (baris)
Sinom   ana   : 9   gatra (baris)
Guru Wilangan lan Guru Lagu
Guru Wilangan - yaiku  : Akehing kecap (ucap) utawa suku tembung saben sa gatra (baris)
Guru Lagu - yaiku  : Aksara urip (vokal) ing pungkasaning gatra (baris)
Tuladha:
Kinanthi                                  Guru Wilangan    Guru Lagu
Anoman malumpat sampun    :   8 Wanda      : u
Prapteng witing nagasari      :   8 Wanda      : i
Mulat mangandhap katingal  :   8 Wanda     : a
Wanodya yu kuru aking          :   8 Wanda     : i
Gelung rusak wor lan kisma   :   8 Wanda     : a
Kang iga-iga kaeksi             :   8 Wanda     : i

Pangerten Paribasan-Bebasan-Sanepan-Saloka

~ Paribasan iku ukara/unen-unen sing tegese wantah dudu pepindhan.
~ Bebasan iku tetembungan sing ngemu teges pepindhan.
~ Sanepa iku unen-unen sing ngemu teges kosok balen.

Selasa, 05 Desember 2017

Pengertian & Contoh Purwakanthi

Purwakanthi iku gandhenge swara sing mburi karo swara sing wis kasebut ing ngarepe.

~GURU SWARA~
1. Ana awan, ana pangan
2. Ana bungah, ana susah iku wis lumrah
3. Adigang, adigung, adiguna
4. Becik, ketitik, ala, ketara
5. Ciri Wanci, lelai ginawa mati
6. Desa mawa cara, negara mawa tata
7.Giri lungsi, jalma tan kena ingina
8. Gelem obah, mesthi mamah
9. Inggah-inggih, kepanggih
10. Ngalah, nanging oleh
11. Ora edan, ora keduman
12. Sing salah, kudu seleh
13. Sing weweh bakal pikoleh
14. Sing gelem ngalah, bakal luhur wekasane
15. Thenguk-tenguk, nemu kethuk
16. Tuwas sayah, ora paedah
17. Witing Tresna, jalaran saka kulina
18. Yen menang, aja njur sewenang-wenang
19. Yen krasa enak, aja njur lali anak, lali bojo, lali tangga, lali kanca

~GURU SASTRA~
1. Aja dhemen memada, datheng sapadhaning dumadi
2. Tata titi tutug tatag, tanggung tertib
3. Tata tertib tartamtu tentrem
4. Taberi nastiti lan ngati-ngati, mesthi bakal dadi
5. Wong jejodhohan kudu ngelingi: babat, bibit, bobot, bebet
6. Ruruh, rereh, ririh ing wewarahipun, mrih reseping para muyarsi
7. Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani
8. Tarti tata-tata, ate metu turut ratan, diutus tuku tahu tempe, dhuwite kertas telung atus
9. Tindak tanduk lan tutur kang kalantur, tamtu katula-tula katali, bakal kacatur, katutuh, kapatuh pan dadi awon
10.  Kala kula kelas kalih, kula kilak kalo kalih kuli-kuli kula, kalo kula keli, kali kilen kula, kalo kula kampul-kampul, kula kelap-kelip kala-kala kelang-keling.
11. Bobot, bibit, bebet
12. Katula-tula ketali
13. Laras, lurus, leres, laris
14. Makuta, makuti, makuten
15. Ruruh, rereh, ririh ing wewarah
16. Sing weweh bakal wuwuh
17. Tatag, teteg bakal tutug
18. Tatune methunthung mentheng-mentheng

~LUMAKSITA~
1. Asung bekti, bektine kawula marang Gusti
2. Bayem arda, ardane busana
3. Lungguh dhingklik, dhingklike wong cilik-cilik
4. Mangan ati, atine sing kelara-lara
5. Nandhang lara, larane wong lara lapa
6. Pandhu suta, suta madyanig Pandhawa
7. Raja putra, putrane daleme Ngasthina
8. Rujak degan, degane krambil ijo
9. Remuk rempu, rempu dadi awu
10. Saking tresna, tresna mung samudana
11. Rujak Dhondhong, rujake sisaning kalong
12. Witing tresna, tresnane mung sawetara

Pengertian Sesorah

Sesorah yaiku medharake gagasan mawa tetembungan kang koktujukake marang wong akeh. Sak durunge sesorah kudhu nyepakake naskah sesorah supaya nalika sesorah bisa rancag lan becik.
Urutane naskah sesorah

Minggu, 26 November 2017

Pengertian dan Contoh Cangkriman

Cangkriman iku unen-unen sing kudu di bedhek (dibatang). Mula cangkriman diarani uga bedhekan.
1. Ana gajah numpak becak, ketok apane ? (kethok mbujuke)
2. Urang sapikul matane piro? (ana 6 - urang, sapi, kul)
3. Sega sakepel dirubung tinggi, apa? (salak)
4. Dikethok malah duwur, apa? (celana)
5. Ngarep ireng, mburi ireng sing tengah methentheng, apa? (wong mikul areng)

Pengertian dan Contoh Wangsalan

Wangsalan iku rumpakan sing saempar cangkriman, nanging tebusane utawa ancase wis dikandhakake pisan.

1. Jenang gula, kowe aha lali (jenamg gula: gulali)
2. Ngembang garut, ngremeng ora karuan (kembang garu: grameng)
3. Mbalung janur, gelema paring usada. (balung janur: sada)
4. Ngembang kacang, mbesengut ora kalegan. (kembang kacang: besengut - dadi mbesengut)
5. Sekat aren mas, sampun sayah nyuwun mgaso. (sekar aren: dangu)
6. Kembang jambu, kemaruk duwe dolanan anyar. (kembang jambu: karuk : dadi kemaruk)
7. Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso. (roning mlinjo: so - dadi ngaso)
8. Klapa mudha, yen kalegan paringa apura. (klapa mudha: degan - dadi kalegan)
9. Kembang gembili, seneng-seneng oleh rejeki. (kembang gembili: seneng)
10. Witing klapa jawata ing ngarcapada.
      Salungune wong mudha gelem rekasa.
      (witing klapa: glugu dadi salugune)
      (Jawata ing ngarcapada: wong)
11. Kolik priya, priyagung anjani putra.
      Tuhu eman, wong anom wedi kangelan.
      (kolok priya: manuk tuhu)
      (Anjani putra: Anoman - dadi anom)

Pengertian dan Contoh Parikan

Ana 2 jinis parikan yaiku:
a. parikan sing dumadi saka rung gatra (parikan tunggal)
b. parikan sing dumadi saka patang gatra (parikan rangkep)

1. Wedang bubuk gula Jawa
     - Yen kepethuk ati lega

2. Sepet-sepet sawone mentah
     - Diempet-empet selak ra betah

3. Wajik klethik gula jawa
     - Luwih becik sing prasaja

4. Godhong kecipir mrambat kawat
     - Najan gak mampir nanging liwat

5. Kembang jagung dipethik Cina
     - Barang wis kadung dikapakna

6. Manuk emprit menclok godhong tebu
     - Dadi murid sing sregep sinau

7. Manuk kutut manggunge ngganter
     - Yen ra manut iso keblinger

8. Bayem rine ketan pulukane
     - Ayem atine keturutan kekarepane

9. Keripik gedhang godhong tela
     - Sethitik edhang pada krasa

10. Esuk nyuling sore nyuling,
      Sulinge arek Surabaya
      - Esuk eling sore eling,
         Sing di eling ora rumangsa

11. Yen kembang kembange kacang,
      dudu kembange puspa nyidra
     - Sih cilik dikudang-kudang,
        bareng gedhe gawe rekasa

12. Awan-awan aja keluyuran,
      ana pak mantri numpak sekuter
      - Kapan-kapan aku keturutan,
        duwe kanca sinaune pinter

13. Esuk nembang sore nembang,
      tembange asmaradana
      - Esuk ngadhang sore ngadhang,
         Sing diadhang ra teka-teka

14. Omah gentheng saponopo,
      Cagak pilar kaputren putih
      - Abot entheng lakonono
        Ati susah bakale pulih

15. Kulon kali wetan kali
      Arep liwat ora ana wote
      - Wetan gati kulon gati
        Arep ditinggal padha abote

16. Sawonggaling wayange kuno
      Seng digawe kayune jati
      - Yen eling sambangono
         Ojo gawe larane ati

17. Neng Jombang kampunge sengon
      Lemah geneng akeh wedhine
       - Nadyan ora sambang nek kirim ingon
           Nek ora seneng apa mesthine

18. Apa gunane meja lan kursi
      Kuwi pinongko palungguhane
      - Apa gunane organisasi
         Kuwi pinongko persatuane

19. Nyapu yo nyapu
      Sapu sada semendhe cagak
      - Mlaku yo mlaku
        Nek ketemu kanca ayo diajak